Seduluran Saklawase, Ngluruk tanpo bolo Menang tanpo ngasorake...

Rabu, 04 November 2020

DIOGO JOTA

Diogo Jota katon luar biasa nalika Liverpool ngremuk Atalanta. Wong saka Portugal kasebut bisa ncetak hat-trick.  Dino pertandingan Rebo (4/11/2020) esuk WIB,  Liverpool nutup babak pertama kanthi kaunggulan 2-0. Sepasang gol Diogo Jota sukses nyuwek gawang Atalanta. 

Pasukan Juergen Klopp dadi luwih trengginas ing babak kapindho. Mohamed Salah lan Sadio Mane masing-masing nyumbang sak gol nalika babak kapindho mung mlaku suwene patang menit.  

"Aku main ing tim paling apik ing karirku nganti saiki. Aku ora ngerti manawa iki wayahe paling apik ing karirku, nanging sing jelas nggawe gol kanthi cara sing apik," ujare Diogo Jota kaya sing dikutip BBC. Diogo Jota dadi lintang ing Bergamo. Dheweke ncetak hat-trick pisanan nang Liverpool kanthi gol ing menit 55.  

"Aku seneng team iki, menang nang Liga Champions, wektu sing apik lan wengi sing apik," jarene. 

Diogo Jota dituku Liverpool saka Wolverhampton Wanderers ing wulan September 2020. Wong umur 23 taun kasebut langsung kaiket kontrak limang taun lan nganti saiki ngancam posisine Roberto Firmino.  

"Temenan dheweke kalebu rong pemain kelas dunia (Mane lan Salah), kita kabeh ngerti kualitase sing ndadekake aku gampang nindakake tugas iki. Dheweke pancen luar biasa lan saiki uga ana pertandingan sing apik," ujare Diogo Jota. 

Kemenangan 5-0 iki nggawe Liverpool dadi luwih stabil ing pucuke Grup D kanthi sangang poin. Atalanta ambruk dadi nomer telu kanthi papat poin, kalah  bedane gol karo Ajax sing bebarengan ngalahake Midtjylland 2-1.

Share:

0 Comments:

Posting Komentar

Bos UCL Contest

Bos UCL Contest

Juragan Liga Draft